Kumpulan Tembang Macapat Pupuh Pocung



KUMPULAN
TEMBANG MACAPAT
PUPUH POCUNG




DENING
XI MIPA 3



Tahun pelajaran 2014/2015


Daftar Isi


Daftar isi..................................................................i
Tembang 01 - 06 ........................................................01 Tembang 07 – 12 ........................................................02
Tembang 13 – 18 ........................................................03
Tembang 19 – 24 ........................................................04
Tembang 25 – 30 ........................................................05
Tembang 31..............................................................06


  
(i)
NO : 01
JUDUL : GOLEK ILMU
Wong iku kudu semangat golek ilmu
Sampek sak kiamat
Dongane aja dilali
Yen dilali ancamane ing neraka
NO : 02
JUDUL :KAHURIPAN
Urip iku aja kaya sapi lembu
Mung males-malesan
Ra nglakoni tugas urip
Bakal dadi wong kang rugi lan cilaka
NO : 03
JUDUL : BOCAH SEKOLAH
Bocah sekolah kudu sregep sinau
Ora tau wegah
Duweni rasa prihatin
Kudu taat marang aturan sekolah
NO : 04
JUDUL : GURU
Bapak pocung menehi babagan ilmu
Naruhake nyawa
Ngajar murid tanpa pamrih
Ngger dina mulang murid ing sekolahan
NO : 05
JUDUL : KWAJIBAN BOCAH
Dadi bocah iku sing sregep sinau
Manut tata krama
Aja metu yen wis bengi
Manut marang ngendikane ibu rama
NO : 06
JUDUL : PAHLAWAN
Gaweane bela saben-saben waktu
Pahlawan negara
Ana ing lemah pertiwi
Sira tansah ngabekti marang negara




(01)
NO : 07
JUDUL : ILMU
Ngelmu iku angel yen durung ketemu
Bubrah yen ra genah
Muspra yen ra dilakoni
Ngupadia ngelmu supaya ra gela
NO : 08
JUDUL : CAH SEKOLAH
Cah sekolah cekelane mesthi buku
Sregep garap tugas
Kabeh tugas dirampungi
Nek neng kelas seneng srawung marang kanca
NO : 09
JUDUL : BALUL
Anak pcung dudu kewan dudu gunung
Omahe kulonan
Anakke ibu hindani
Bocahe duwe idep apik lan dawa
NO : 10
JUDUL : WONG PINTER
Wong pinter iku kudu sregep sinau
Aja lali donga
Lan dadi wong sing teliti
Aja nganti lali marang sing kuasa
NO : 11
JUDUL : LINTANG
Bapak pocung tekane wayahan esuk
Lahire ning etan
Teka ngulon dadi wengi
Yen wes wengi bapak dadi lintang
NO : 12
JUDUL : WONG NGANGGUR
Timbang nganggur pikirane dadi nglantur
Mula nyambut karya
Apa-apa ditandangi
Wis ngertia wong nganggur bantale setan




(02)


NO : 13
JUDUL : LEMARI
Bapak pocung biasane saka kayu
Bisa kanggo ngaca
Iku kanggo wadah klambi
Biasane tempate ana ing kamar
NO : 14
JUDUL : WONG BECIK
Dadi wong sing becik lan sopan prilaku
Elinga sapada
Dadia wong sing ngabekti
Kudi isa dadi tuladha utama
NO : 15
JUDUL : LUHUR
Dadi wong iku budine kudu luhur
Jo gawe prakara
Tumindakka bab kang becik
Aja lali ngurmati marang sasama
NO : 16
JUDUL : MURID BECIK
Dadi murid kudu taat marang guru
Kasih marang kanca
Lan ra ngrendahke wong cilik
Ra lali sregep sinaune lan donga
NO : 17
JUDUL : SISWA
Siswa skolah kwajibane golek ilmu
Lan padha dedonga
Marang kersa Maha Gusti
Kudu dadi kebiasaane siswa
NO : 18
JUDUL : KWAJIBANE MURID
Dadi murid kudu nurut marang guru
Aja seneng bantah
Lan aja seneng njaili
Yen njaili mengko disirikki kaca


(03)

NO : 19
JUDUL : BEKTINE ANAK
Anak kaliyan wong tuwa kudu manut
Mung aja durhaka
Uga kudu dihormati
Karo wong tuwa kudu bisa ngerteni
NO : 20
JUDUL : PANCASILA
Bapak pocung duwe wulu buntut wolu
Isi lima sila
Panemune Sultan Hamid
Bapak pocung yaiku lambang negara
NO : 21
JUDUL : MANUNGSA
Manungsa diarani becik puniku
Bisa nglapang dada
Tnpa ngarep rasa pamrih
Lan ora seneng gawe angkara murka
NO : 22
JUDUL : ROFI
Anak pocung dudu gajah dudu semut
Tumpakkane supra
Bocahe rambute klimis
Bocahe manut marang ibuk lan bapak
NO : 23
JUDUL : BAPAK POCUNG
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sabamu ing gua
Mlebu metu gawa geni
Nek bar kanggo si pocung wutah kuwaya
NO : 24
JUDUL : MORSE
Bapak pocung diajarna para guru
Jumlahe limalas
Sing gawe wong kulit putih
Bapak pocung dinggo kata rahasia




(04)

NO : 25
JUDUL : TATA KRAMA
Budhal sekolah kudu nyuwun pangestu
Bekti marang wong tuwa
Isa gawe seneng ati
Kudu jaga tata krama lan kang ala
NO : 26
JUDUL : BEKTI
Kudu bisa bakti marang bapak ibu
Aja do durhaka
Aja padha do maneni
Supaya uripe kepenak ing dunya
NO : 27
JUDUL : KASMARAN
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Cahyane sumumar
Pakulite ireng manis
Bocah kang bisa gawe aku kasmaran
NO : 28
JUDUL : TULADHA UTAMA
Dadi bocah iku kang sregep sinau
Manut tata cara
Nduweni sifat kang becik
Lan bisa dadi tuladha kang utama
NO : 29
JUDUL : TUTUT
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Bocahe sumringah
Montore ya honda scoopy
Wonge sregep ora duwe sifat ala
NO : 30
JUDUL : SRENGENGE
Bapak pocung teka saben wayah esuk
Lahire ning etan
Tekan kulon dadi wengi
Yen wis wengi bapak pocung wonge ngilang



(05)

NO : 31
JUDUL : LAWA
Bapak pocung turune ing wayah esuk
Omahe ing gua
Golek mangane pas wengi
Bapak pocung yaiku jenenge lawa
Share on Google Plus

About Unknown

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
    Blogger Comment
    Facebook Comment

0 komentar:

Posting Komentar